Ads

Tuesday 22 May 2018

Sejarah Pasar Hewan Kliwon Wirosari (terbesar se Jawa Tengah)

RIWAYAT PASAR KLIWONAN WIROSARI.

Oleh : Mbah Bedjo


Jenenge wae pasar Kliwonan, yo mesti wae anane pasar yen wanci pasaran Kliwon. Banjur opo sing didol ono pasar kasebut. Sing didol ono kono ora sembilan bahan pokok, nanging mligi kanggo dol tinuku sapi. Mulo ono sing nyebutke, yen papan kono karan pasar sapi Kliwonan.
Ing kabupaten Grobogan ono pasar kewan telu, yo kuwi pasar kewan Ketitang Godong, pasar kewan Danyang Purwodadi, lan pasar kewan Kliwonan Wirosari. Yo pasar kliwonan Wirosari kuwi sing paling gede ono ing  kabupaten grobogan, lan malah-malah ugo paling gede ing tingkat Jawa Tengah. Kanggo mangerteni bab pasar Kliwonan Wirosari, tak aturi maos crito iki.


ANANE PASAR KLIWONAN WIROSARI.
Miturut critane poro sepuh, biyene pasar kewan kuwi dunung ono ing lapangan cilik kulon pasar Wirosari saiki. Sepisanan sing didol ono kono mung wedus, nanging banjur ono sing dol tinuku sapi. Amargo daerah wetan Purwodadi akeh poro petani sing ingon-ingon sapi, mulo papan kono banjur dadi pasar sapi. Kanti anane perkembangan Wirosari dadi kuto, pasar kewan mau banjur dipindah ono dukuh Bandang sak lor Puskesmas Wirosari.
Rikolo tahun 82-nan dening Dinas Pasar kabupaten Grobogan, pasar sapi mau dipindah ono dukuh Kunden Wirosari. Dene alesane, papan kono wis ora nyukupi kanggo dol tinuku sapi. Kejobo kuwi ugo mbutuhke papan panggonan, kanggo adek kantor pasar kewan. Amargo ing dukuh Kunden deso Wirosari ono lemah gege, mulo banjur digunakke kanggo gawe pasar kewan anyar. Pancen pasar kewan sing anyar kuwi luwih ombo, lan biso didekke kantor pasar barang. Ono ngarepe didekke gapuro, dikupengi pager tembok sing kuat.

JENENG PASAR SAPI KLIWONAN.
Wis disebutke ono nduwur, pasar kewan kuwi anane yen wanci pasaran Kliwon. Dadi yen sak liyane pasaran kuwi, yo sepi ora ono dol tinuku kewan. Dene karan pasar sapi kuwi, amargo pasar kasebut akeh-akehe kanggo dol tinuku kewan sapi, senajan yo ono sing podo dol tinuku kebo lan wedus.
Poro pedagang sapi ora mung soko wilayah Grobogan wae, nanging ugo soko daerah Pati, Salatiga lan Blora. Mbiyen sak durunge akeh trek, sapi-sapi soko daerah njaban Wirosari digiring dening "Penggerek" ing wanci bengi, nuju menyang pasar Kliwonan Wirosari. Ono salah sijine sapi sing dipasangi oncor ono ing gulune, kanggo madangi dalan sing dilewati. Pating cleter sworo pecute penggerek, kanggo nggiring sapi-sapine kuwi. Mulo wargo deso sing dilewati, dadi ngerti yen bengi kuwi malem pasaran Kliwon. Nanging sing koyo ngono kuwi saiki wis ora ono meneh, mergo sapi-sapi podo ditumpakke trek.
Pancen ing daerah Purwodadi mengetan, poro wargo podo ingon-ingon sapi. Kanggo nggarap sawah utowo tegalan, podo nggunakke sapi kanggo mbrujul. Mengkono ugo kanggo daerah wetan Purwodadi sing ugo karan daerah garing, pancen cocok yen kanggo ingon-ingon sapi. Dene yen ingon-ingon kebo pancen ora cocok, amargo kewan kasebut butuh banyu kanggo ngedemke awake.
Kosok bali karo pasar kewan Ketitang Godong, sing akeh podo dol tinuku kebo. Daerah kulon Purwodadi pancen akeh banyu, mulo cocok yen kanggo ingon-ingon kebo. Kanggo nggarap sawah lan tegalan, cocok yen nggunakke tenaga kebo. Yo mung anehe, senajan akeh suket nanging yen ingon-ingon sapi koq ora biso lemu.



KEWAN SAPI KANGGO SANGUNE ANAK.
Mbiyen pancen bener, ono ing daerah wetan Purwodadi, kewan sapi kuwi pancen kanggo sangune anak. Ora koq sangu kanggo jajan saben dinane, nanging kanggo sangune anak mbesuk yen wis gede. Saben panen kedelai, poro petani banjur tuku sapi ono pasar Kliwonan Wirosari. Sapi mau banjur diwenehke marang anake, urut wiwit soko anak mbarep nganti tekan ragil. Dene tujuane, biso kanggo ragat sekolah duwur utowo nikah. Dadi saupomo anake mau nikah, sapine banjur didol kanggo nggawekke omah utowo sing karan misah anak.
Dene sing ngopeni sapi-sapi kuwi, poro petani podo duwe pangon. Biasane pangon mau dibayar, kanti coro maro pedet. Pedet sing lair sepisanan dadi duweke pangon, dene pedet nomer loro lagi duweke sing nduwe ngono sak teruse. Kejobo kuwi poro petani ugo isih menehi pangan, lan ugo isih nyandangi pangon kuwi.
Kejobo saben ndino ngaritke suket, pangon ugo kudu ngumpulke damen sak bubare panen pari. Damen dipepe nganti garing, banjur ditumpuk ono ing sisihan omah. Yen wanci ketigo dowo ora ono suket, yo damen garing kuwi sing dipakakke sapi. Supoyo dokoh anggone mangan, damen garing mau dikepyuri banyu uyah. Dadi yen wanci ketigo dowo koq duwe tumpukan damen, pangon lan poro petani banget ayem atine.

Nuwun.

No comments:

Post a Comment