Ads

Tuesday 22 May 2018

IBU SUNDARI Dalang Perempuan Asli Grobogan

RIWAYAT IBU SUNDARI DALANG PUTRI.
Oleh : Mbah Bedjo

Kabupaten Grobogan tau duwe dalang putri, asli soko deso Gedangan melu wayah kecamatan Wirosari. Asmane ibu Sundari, naliko jaman moncere dadi dalang mbiyen sering diaturi kanti asmo dalang Ndari. Yo panjenengane kuwi siji-sijine dalang putri, sing melu ngregengake jagating pewayangan ing wilayah kabupaten Grobogan. Bareng ibu Sundari mundur soko pedalangan, koq ora ono piyayi putri liyane sing ngganteni. Kanggo mangerteni riwayate dalang Ndari kasebut, monggo tak aturi maos crito iki.

IBU GURU SING SENENG NDALANG.
Ibu Sundari kuwi guru Sekolah Dasar, sing wiwit mulang rikolo taun 1961. Panjenengane asli soko deso Gedangan, melu wilayah kecamatan Wirosari kabupaten Grobogan. Sakwise lulus soko Sekolah Guru ono kuto Solo, banjur oleh tugas mulang ono ing kecamatan Gubug.
Yo krono sekolah ono Solo kuwi, ibu Sundari seneng nonton wayang wong utowo wayang kulit, sing asring pentas ono taman Sriwedari. Kejobo kuwi panjenengane ugo seneng banget mirengke siaran wayang kulit, gending Jowo lan tetembangan soko radio RRI Surokarto. Mulo bareng dadi guru, panjenengane seneng paring wulang lelagon tembang Jowo marang poro muride. Kejobo kuwi ugo seneng crito bab wayang, utamane riwayat poro rojo utowo perang Brotoyudo.
Kegiyatane ibu Sundari saben dino minggu, nderek latihan gamelan karo kanca-kancane guru, sing manggon ono ing kantor Binsarpralub Gubug (saiki ngono kantor UPTD Pendidikan).
Pakumpulan gamelan poro guru ing Gubug kuwi, podo sarujuk lan diparingi jeneng "Sapta Usaha Tama".
Ono pakumpulan mau, panjenengane akrab karo bapak Rustam sing ugo guru SD, lan kagungan kasenengan bab wayang lan gamelan. Kalorone ugo duwe pepinginan, ngepyakke wayang diiringi niyogo poro guru ing kecamatan Gubug. Mulo saben wanci sore utowo sak tengahing wengi, ibu Siti Sundari asring latihan suluk utowo medar onto wecono salah sijining ratu utowo kraton. Malah tau telung ndino telung mbengi, panjenengane poso ngebleng ono ing sak jroning kamar sing ditutup rapet. Kuwi kabeh yo mung betek-beteke, supoyo pepinginane mau enggal biso kaleksanan.
Nanging rikolo tahun 1966, panjenengane kepekso kondur menyang Gedangan Wirosari, amargo bapake sedo lan ibune sing wis sepuh ora ono sing ngancani. Mengkono ugo anggone mulang ugo pindah, ono ing Sekolah Dasar sak cedake kantor kecamatan Wirosari.
Ora suwe panjenengane kromo, karo anggota TNI asmo bapak Suwito. Pancen podo senenge bab kabudayan Jowo, mulo bapak Suwito ugo paring wektu sing jembar marang ibu Sundari kanggo ngembangke kasenengane. Nganti ing  sawijining dino, ono tonggo sing duwe gawe lan nyuwun supoyo ibu Sundari sing ndalang. Yo wiwit soko kuwi, panjenengane kerep pentas nganti tekan ing liyo daerah.
   
KENO GODA.
Pancen yen lagi kondang, mesti ono wae sing meri. Mulo nuju sawijining dino, panjenengane ditanggap dening wargo ono daerah wetan Purwodadi. Amargo soko getok tular yen dalange ibu Sundari, mesti wae poro tamu lan ugo penontone kebak utamane poro ibu-ibu. Yo sing koyo ngene iki, dadi nambah semangate ibu Sundari anggone ndalang.
Naliko sak tengahing wengi bubar nyuguhake goro-goro, ndadak panjenengane kroso arep "pipis" sing ora biso diampet. Sakwise mbisiki marang pembantu dalang, panjenengane banjur nancepake gunungan lan banjur menyat nuju menyang mburi. Sakwise kuwi panjenengane banjur mapan meneh, lan sak durunge neruske lakon matur opo anane marang poro rawuh lan penonton. Kabeh poro rawuh lan penonton podo welas, lan getem-getem marang sing tumindak nggoda kuwi.

MUNDUR SOKO JAGATE PEDALANGAN.
Rikolo tahun 1980 bapak Suwito kepilih dadi Kepala Desa Gedangan, saenggo kanggo kesibukane ibu Sundari mesti wae yo tambah. Pancen anggone ndalang ngono mung wanci bengi, dene yen wanci esuk mesti wae kudu ngleksanakke tugas mulang poro murid. Bareng dadi ibu lurah, kanti abot panjenengane leren anggone ndalang. Panjenengane rumongso ora biso ngayahi, sing kudu ngurusi PKK lan kegiatan ibu-ibu ono ing deso.
Nanging bakat lan kabisan ono ing pedalangan, tetep ditularke marang poro murid ing sekolahan. Mulo saben ono lomba mocopat utowo geguritan ing kabupaten Grobogan, kanggo kecamatan Wirosari mesti nggondol juwara nomer siji.       

Nuwun.

No comments:

Post a Comment