Ads

Wednesday 23 May 2018

Sejarah Berdirinya Desa Ringinharjo

ADEKING DESO RINGINHARJO.

Oleh : Mbah Bedjo

Dununge desa Ringinharjo ono ing sak lor kuto kecamatan Gubug, sing adohe kiro-kiro 10 kilometer. Miturut data tahun 2013, deso sing ambane 3,58 kilometer persegi kabagi dadi 24 Rt lan 6 Rw kanti jumlah wargo ono 3437 jiwo. Miturut crito, deso Ringinharjo lan Ringinkidul kuwi biyen dadi siji, lan dening Ki Prawirokusumo banjur diparingi jeneng dukuh Ringin. Kanggo cetaning crito, ayo podo nyemak adeking deso Ringinharjo iki.     


DUKUH ING PINGGIR KALI.
Deso Ringinharjo lan Ringin Kidul kuwi, biyen  dadi siji sak dukuh sing jenenge dukuh Ringin. Deso Ringinharjo sing sak durunge karan dukuh Ringin Lor, dununge ono ing perenging kali Tuntang, sing wektu kuwi kanggo liwat wargo sing tindakan menyang tlatah Salatiga lan sak walike. Bab kuwi kabukten rikolo tahun 1960an, ono wargo deso Ringinharjo nemokake prau sing kependem ono njero lemah, naliko lagi nduduk  pekarangane sing arep digawe sumur. Bareng wis diduduk kabeh, lagi podo ngerti yen kuwi prau mengkurep, sing ngisore akeh pecahan kenteng. Dibantu dening tonggo teparo, prau mau banjur diangkat lan digunakke kanggo nambahi kayu sing arep dienggo gawe bale deso.
Miturut critane poro sepuh, jare biyen ono perahu ngangkut kenteng sing arep digowo menyang  daerah Salatiga. Naliko tekan ing dukuh Ringin Lor, ndadak weruh ono wargo kono nanggap tayub. Poro tukang prau banjur mandek, sing sak perlu arep podo nayub. Naliko poro tukang prau lagi podo nayub, ora ngerti yen kali Tuntang banjir gede. Mulo naliko poro tukang perahu bali menyang pinggir kali, lagi podo ngerti yen praune kerem ono kali Tuntang.


DADINE DUKUH RINGIN.
Miturut critane wargo, sing adek dukuh Ringinharjo kuwi biyen Ki Prawirokusumosoko soko tlatah Demak. Pancen panjenengane kuwi prajurit kraton Surokarto, sing ngawal lan njogo Pangeran Puger rikolo dadi Adipati ono ing  Demak. Mergo rumongso wis tuwo, mulo Ki Prawirokusumo banjur nyuwun leren anggone dadi prajurit, lan kepingin dadi wong tani. Nyi Asli garwane lan putrane sing asmo Go Suto dan Go Drono, diajak golek papan sing biso didadekake sawah lan tegalan. Kanti numpak perahu lewat kali Tuntang, keluwargo mau golek papan koyo sing dikersakke. Ono ing sawijining papan, rombongan keluwargo mau mandeg lan sak banjure dunung ono ing papan kono. Mergo papan kono pancen subur, mulo akeh poro wargo sing melu dunung, saenggo dadi pedukuhan sing rejo. Dening Ki Prawirokusumo sing dadi tetuwaning dukuh, pedukuhan kono dijenengake RINGIN. Jeneng mau soko anane wit ringin gede, sing tukul ono ing tengah-tengahing dukuh.
Ing sawijining wektu, Ki Prawirokusumo rumongso wis ora kuwagang meneh dadi tetuwaning dukuh. Panjenengane banjur mundur,  lan nunjuk putrane mbarep ngganteni. Nanging putrane sing asmo Go Drono ugo kepingin dadi tetuwaning dukuh, mulo panjenengane banjur mbagi dukuh Ringin dadi rong panggonan kanti wit ringen gede kuwi sing dadi tapel wates. Go Suto putrane diutus mimpin dukuh Ringin sisih lor sing banjur kaceluk Ringin Lor. Dene Go Drono diutus mimpin dukuh Ringin sisih kidul, sing sak banjure karan dukuh  Ringin Kidul.
Miturut crito, sakwise masrahke pimpinan dukuh marang putra-putrane, Ki Prawirokusumo banjur jengkar soko pedukuhan Ringin lan ora ono sing ngerti menyang ngendi parane.

PETILASAN/KUBUR ING RINGINHARJO.
Naliko Nyi Asli yo garwane Ki Prawirokusumo sedo, disarekake ono ing dukuh Pilang Lor kono, sing mapan ono ing pinggir tanggul kali Tuntang. Mengkono ugo naliko Go Suto sing dadi tetuwaning dukuh sedo, ugo disarekake ono dukuh Ringin Lor, utowo sing saiki karan dukuh Gayas. Wargo deso Ringinharjo saiki, saben wulan Suro podo ziarah ono pesareyane Nyai Asli lan Go Suto. Sak liyani ngurmati piyayi loro minongko sesepuh deso Ringinharjo, ugo nyuwun marang Alloh supoyo deso Ringinharjo tansah pinaringan aman lan tentrem.

MAKAM SINGLON.
Menowo ing Ringinharjo ono pesareyane Nyai Asli karo putrane sing asmo Go Suto, lha banjur pesareyane Ki Prawirokusumo ono ngendi. Ing nduwur wis disebutke, sakwise masrahake dukuh Ringin marang putrane, panjenengane banjur tindak kanti ora ono sing ngerti panggonane. 
Nanging ing dukuh Gambang deso Ringinkidul saiki, ono punden sing dianggep kramat dening wargo kono. Wargo nerangke yen punden kuwi minongko pesareyan, yo sing adek deso Ringinkidul biyene. Nanging juru kunci punden kono nerangake, yen punden kuwi sak benere panggonan ngubur ikete Ki Prawirokusumo. Kanti nyimak riwayat sing ono, opo punden kuwi ora pesareyane Ki Prawirokusumo. Bab kuwi kanti landesan anane kapercayan wargo kono, yen punden kasebut pesareyane sing adek deso Ringinkidul biyene. Menowo juru kunci nyebutake yen kuwi panggonan ngubur ikete Ki Prawirokusumo, biso ugo kuwi kuburan singlon. Teges kuburan singlon yo kuwi kuburan apus-apus, supoyo wong-wong podo ora ngerti endi kuburan sing bener. Perlu dimangerteni, yen biyen akeh pesareyane poro tokoh sing diwadekake, supoyo ora didudah lan dijupuk kanggo tumbal.

No comments:

Post a Comment