Ads

Tuesday 22 May 2018

Sejarah Masuknya Motor Udug ke tanah Jawa

SEJARAH MONTOR UDUG.
Oleh : Mbah Bedjo

Dijenengke montor udug, mergo swarane sing udug-udug banter banget. Yen saiki ngono sing karan motor "jadul", mergo motor kuwi digawe tahun seketan. Wangune gede lan ketok abot, yen dibandingke motor gaweyan Jepang saiki. Tahun 80-90an motor udug kasebut jan blas ora ono sing seneng, paribasane diwenehi wae yo bakal nolak. Nanging tahun 2000 munggah akeh wargo sing podo golek, mbok yo rego piro wae mesti bakal dibayar. Malah ono sing crito, yen rego montor udug kuwi saiki tikel lorone motor gaweyan Jepang. Yo amargo wae pabrike wis tutup, lan sepeda montor kuwi dianggep barang antik. Kanggo mangerteni riwayat montor udug kuwi, ayo podo moco critane iki.

OPO TO MONTOR UDUG KUWI.
Sing diarani montor udug kuwi mbiyen, sepeda motor gawean negoro Jerman, Amerika utowo Eropa. Werno-werno merk montor udug kuwi, ono Norton, AJS, BMW, Harley Davidson lan liyo-liyane. Sepeda motor kuwi racake, nduweni wangun lan CC gede. Knalpote dowo, saenggo yen ditumpaki swarane udug-udug. Yo soko sworo kuwi mau, sing banjur akeh sing ngarani montor udug.
Akeh-akehe sing podo kagungan, mesti piyayi sugih utowo lurah. Pancen yen numpak montor kuwi, jan ketok gagah lan merbawani tenan. Yen montor udug mau lewat, soko kadohan wis keprungu swarane sing banter lan manteb. Wong-wong banjur podo metu soko ndalem, mung kepingin ngerti lewate montor udug mau. Yen montor udug mau wis lewat, bocah-bocah cilik podo cungar-cungir irunge ngambungi asep sing metu soko knalpot. Malah-malah tipete ban wae banjur didulit, banjur diambung sing jarene ambune wangi. 

MONTOR UDUG MLEBU TANAH JOWO.
Motor udug kuwi mlebu sepisanan ono tanah Jowo, rikolo tahun 1893. Rikolo kuwi JOHN C. POTTER wong soko Inggris, kerjo dadi masinis ono ing pabrik gulo Oemboel Probolinggo, Jawa Timur. Amargo papan panggonane sing sepi, deweke banjur duwe pepinginan tuku sepeda montor, arep ditumpaki mubeng deso koyo sing dilakoni ono ing negarane. Pancen jaman kuwi yo wis ono sepeda motor lan mobil sing lewat ono ndalan, nanging sing numpaki poro tentara Walondo sing tujuane kanggo perang. Dene kanggo masyarakat umum, babar blas ora ono sing duwe.
Ora koyo saiki, mung nggowo DP karo foto copy KTP wae, bareng mulih wis biso numpak sepeda motor anyar. Jaman biyen John C. Potter kudu pesen dewe ono pabrike Hildebrand und Wolfmüller, sing manggon ono ing kuto Muenchen Jerman. Malah ugo ono crito sing nyebutke, Sunan Surakarta ugo titip marang  deweke supoyo nukokke mobil ono ing Eropa. Dadi wektu kuwi ing tanah Jowo, yo mung ono sepeda motor siji merk Reitwagen duweke John C. Potter, lan mobil siji merk Benz tipe Carl Benz kagungane Sunan Kartosuro.


RIWAYAT GAWE MOTOR UDUG.
Miturut crito sing ono, jare sepeda montor sing arep didol marang masyarakat umum dirancang rikolo tahun 1885. Dene sing ngrancang sepeda montor sepisanan, yo kuwi Gottlieb Daimler dan Wilhelm Maybach wong Jerman. Sakwise nganakke percobaan-percobaan, lagi tahun 1893 wiwit digawe dening pabrike sing karan Hildebrand und Wolfmüller ing kuto Muenchen, Jerman. Jarene yo sepeda motor sing dituku John C. Potter kuwi, sepeda motor sepisanan sing digawe dening pabrik kasebut.
Sepeda Motor Reitwagen duweke John C. Potter kuwi ora nganggo rante, nanging nganggo kruk as (crankshaft). Mesine gede 1500 cc, ora nggunakke aki (accu) lan ugo ora ono lampune. Dadi yen mlaku bengi yo nganggo ting koco, sing njerone diwenehi uplik.
Malah tahun 1895 negoro Amerika Serikat lagi ngerti, yen negoro Jerman biso gawe sepeda motor. Critane rikolo kuwi ono wong Jerman main sirkus ono ing Amerika Serikat, kanti nggowo sepeda motor merk Reitwagen gaweyan negarane mau. Akeh wargo Amerika Serikat sing kepiingin duwe, mulo banjur podo pesen menyang pabrike ing Jerman. Yo wiwit tahun kuwi, wargo masyarakat umum ing Amerika Serikat podo numpak sepeda motor. 

MLEBU MUSEUM.
Rikolo tahun 1932, sepeda motor duweke John C Potter mau ditemokke ono garasi omah ing pabrik gulo Probolinggo, sing mbiyen tau dipanggoni dening John C Potter. Sepeda motor kuwi ndongkrok 40 tahun lawase, lan wis ora biso mlaku meneh. Kanti bantuan soko montir Marinir ing Suroboyo, sepeda motor mau banjur didandani koyo asline, sing banjur disimpen ono kantor redaksi mingguan De Motor. Sak banjure sepeda motor mau diboyong menyang museum Lalu Lintas (Museum Polisi) ono kuto Suroboyo. Tahun 1934 sepeda motor duweke John C Potter disumbangke menyang Museum Negeri Mpu Tantular ing kuto Sidoarjo kanti diwenehi nomer inventaris 10.81 kategori IPTEK.

Nuwun.

No comments:

Post a Comment