Ads

Thursday 24 May 2018

Mbah Gareng Buyut Gus Dur di Grobogan

PESAREYANE BUYUTE GUS DUR ING DESO NGROTO.


Oleh : Mbah Bedjo

Akeh sing crito, yen buyute KH Abdurrahman Wachid utowo Gus Gur dimakamke ono irng tlatah Grobogan. Lha banjur sopo asmane lan ono deso ngendi anggone makamke ?
Miturut katrangan sing biso dikumpulke, yen buyute Gus Dur mau asmo Simbah Khoiron, sing makame ono ing deso Ngroto Kecamatan Gubug Kabupaten Grobogan. Dene riwayate Simbah Gareng kuwi mengkene :

Simbah Khoiron Luru Ilmu.
Miturut ujare kondo, simbah Khoiron kuwi asli soko daerah Salatiga. Wiwit cilik seneng luru ilmu, utamane ilmu bab agomo. Ing sawijining dino panjenengane mireng, yen ing pondok dukuh Ngroto/Gubug ono Kyai kawentar asmane Siradjudin, wetonan soko pondok Ponorogo Jawa Timur. Sak naliko panjenengane banjur kagungan kerso, arep meguru ngaji marang Kyai Siradjudin kasebut. Kanti numpak getek lewat kali Tuntang, panjenengane tindak menyang dukuh Ngroto Gubug.

Dadi Putro Mantu Romo Guru.
Sakwise katam anggone ngaji, panjenengane didawuhi dening romo guru yo Kyai Siradjudin, supoyo mbantu mulang ngaji ono pondok kono. Amargo pancen pinter lan sregep, romo gurune banget asih marang panjenengane. Yo soko asihe mau, panjenengane banjur dipek mantu dening Kyai Siradjudin. Kyai Khoiron netep ono ing dukuh Ngroto, melu mulang ngaji marang poro santri ing pondok kasebut. Amargo dedek piyayine sing cendek lan rodo kuru, dening poro santri banjur kaparaban Mbah Gareng.


Keturunane Simbah Gareng.
Kyai Khoiron yo simbah Gareng mau, kagungan putro sing antarane asmo Asyari lan Asngari. Putro kakung kalorone mau, diwulang ngaji dewe nganti katam. Sakwise katam ngaji, Asngari dadi Kyai ono pondok dukuh Ngroto, dene Asyari mbacutake luru ilmu ono ing tlatah Jawa Timur.
Miturut silsilah sing ono, Kyai Asngari kagungan putro asmo Baedlowi, lan ugo dadi Kyai ono pondok dukuh Ngroto kanti kaceluk Kyai Bulawi.
Kocap kacarito bareng dukuh Ngroto owah dadi deso, Kyai Bulawi kapiji dening wargo dadi lurah deso Ngroto. Yo Kyai Bulawi kuwi, sing dadi lurah sepisanan ono ing deso Ngroto. Panjenengane banget anggone mikirke nasib wargane, lan jare tarikan pajek dening pemerintah Walondo, kabeh dibayar dening lurah Bulawi.
Kyai Bulawi kagungan putro asmo Sukemi, mbacutake luru ilmu ono pondok Kuwaron, sing dipimpin dening Kyai Abu Yusuf. Sak banjure Kyai Sukemi dipek mantu dening Kyai Abu Yusuf, lan netep ono ing deso Kuwaron. Rikolo Kyai Abu Yusuf sedo ono mekah, pondok Kuwaron banjur dipimpin dening Kyai Sukemi. Bareng wis kondur soko tindak haji, asmane Kyai Sukemi ganti dadi Kyai Haji Sofwandori. Asmo panjenengane cukup kawentar, amargo karo Kyai Haji Hasan Anwar, nderek nyerang tentara Walondo ono kantor Pegadaian Gubug.
Kyai Haji Sofwandori kagungan putro, salah sijine asmo Kyai Haji Zuhri. Pondok pesantren deso Kuwaron soyo tambah maju, sakwise dipimpin dening panjenengane. Akeh kegiatan bab agomo sing dipimpin, mulo ora nggumunke yen Kyai Haji Zuhri pikantuk gelar Kyai Karismatik.

Buyut Mbah Gareng Dadi Presiden.
Bali critane marang Asyari, sing nerusake luru ilmu ono ing tlatah Jawa Timur. Ono kana panjenengane biso mimpin pondok pesantren Tebu Ireng. Panjenengane kagungan putro, sing salah sijine asmo Hasyim. Podo karo ramane, Hasyim ugo pinter bab ilmu agomo, lan seneng marang pakumpulan sosial. Sakwise romone sedo, panjenengane sing banjur kapatah mimpin pondok Tebu Ireng kanti asmo Kyai Haji Hasyim Asyari. Ing sakwijining wektu, panjenengane kagungan gagasan, nyatokake poro ulama ing Nuswantoro. Yo panjenengane kuwi sing dibantu dening Kyai Haji Hasan Anwar, adek pakumpulan poro ulama ing Nuswantoro kanti jeneng Nahdlatul Ulama (1926).

Kyai Haji Hasyim Asyari kagungan putro, sing asmo Wachid. Wachid mau mbantu ramane, mulang ngaji ono ing pondok Tebu Ireng, sing banjur kawentar kanti asmo Kyai Haji Wachid Hasyim. Kyai Haji Wachid Hasyim kagungan putro, salah sijine asmo Abdurrahman. Podo karo simbah lan ramane, Abdurrahman ugo pinter bab ilmu agomo lan seneng marang pakumpulan sosial. Malah-malah Abdurrahman sing asring kaceluk Kyai Haji Abdurrahman Wachid, melu nyengkuyung adek partai sing dijenengke Partai Kebangkitan Bangsa (PKB). Dek tahun 1998 Kyai Haji Abdurrahman Wachid kapilih dadi Presiden, utowo dadi presiden kaping IV ing Indonesia.

No comments:

Post a Comment