Ads

Tuesday 22 May 2018

Sejarah Ambrolnya Jembatan Bandang Wirosari tahun 1978

RIWAYAT KRETEK BANDANG WIROSARI GROBOGAN

Www.mapio.net

Oleh : Mbah Bedjo

Kretek Bandang, dununge ono ing kecamatan Wirosari. Kretek mau nggubungke kecamatan Wirosari, nuju menyang kecamatan Sulursari nganti tekan Randublatung Blora. Biyen kretek sing kawak gaweyan Londo, tahun 1978 ambrol nuwuhke korban jiwo cacah loro. Tahun 1980 banjur dibangun meneh dening pemerintah, sing isih ngadek nganti tekan saiki. Banjur kepiye riwayat ambrole kretek kuwi. Ayo tak aturi maos critane iki.

KRETEK BANDANG AMBROL.
Pancen kretek sing dibangun Londo, wektu  kuwi wis nguwatirke banget. Diliwati dokar opo meneh trek, wis kroso mentul-mentul koyo arep coklek kae. Kretek sing ngubungke Wirosari nganti tekan Randublatung kuwi, pancen yo wis wayahe kudu dibangun anyar.
Tahun 1978 wanci jam 10.00 esuk, kretek sing tumumpang ono nduwur kali Lusi kuwi ambrol. Wektu kuwi kali Lusi pinuju banjir gede, peres ngelebi setren sak kiwo tengene. Kretek mau tugel tengah, separo sisih kulon isih gumantung ono cagake.
Miturut katrangan soko wargo sing mangerteni kedadeyane ngandakke, naliko kuwi ono dokar liwat. Sak mburine dokar mau ono trek, sing ngangkut beras arep digowo menyang kuto Purwodadi. Ing tengah-tengahe dokar lan trek, ono piyayi putri sing mlaku nuntun sepedane. Bareng kretek mau ambrol, dokar sak jarane lan truk ngangkut beras kejegur ono tengahing kali, klebu piyayi putri sing nuntun sepeda mau. Kabeh ilang kepuntel banyu kali, kejobo sopir trek sing biso nglangi lan banjur gandulan wit pelem cilik wetan kali. Kabeh sing podo teko mung biso piya-piye, arep tetulung ora wani mergo banjire gede. Dening aparat kepolisian banjur woro-woro, supoyo wargo sing dunung ono pinggiring kali podo nyegat mbok menowo mrangguli jenazah sing keli. 

BU GURU DADI KURBAN.
Soko tutur sing tinular, lagi dingerteni yen piyayi putri kuwi jebul ibu Siti Aminah. Deweke ngono piyayi Wirosari, sing mulang sekolah Taman Kanak-kanak ing deso Kalirejo. Akeh sing podo ngerti, naliko ibu Siti Aminah mau kondur soko mulang. Mengkono ugo soko kluwargo ugo ngyakinake, yen piyayi putri sing katut dadi kurban kuwi ibu Siti Aminah.
Bareng rong ndino sakwise banjir sudo, lagi biso ditemokke truk sing adohe satus meter sak kidule kretek kono. Ugo patang kilo meter soko papan kono, ditemokke dokar sak jarane. Dene sak banjure lagi biso ditemokke kusir dokar lan ibu Siti Aminah, sing keli nganti meh tekan ing wilayah kabupaten Kudus.

KRETEK SITI AMINAH.
Kanti jebole kretek Bandang kuwi, hubungan soko Wirosari nuju Kuwu utowo Sulursari dadi pedot. Saupomo arep ngangkut barang soko Purwodadi nuju Kuwu, kudu lewat kecamatan Pulokulon sing dalane rusak banget. Yen arep menyang Kuwu numpak sepeda motor, biso lewat kretek sepur ono deso Pengkol Wirosari. Nanging sak durunge kudu takon halte Pengkol, bakal ono sepur lewat opo ora. Pancen yo kudu duwe kekendelan, amargo kudu nguwot bantalan ril lan kudu ngepaske ban sepeda motor ono sak nduwure ril.
Sesasi sakwise kuwi, wargo Bandang lan Kalirejo podo gawe getek soko papan sing ditumpangke ono nduwur prau loro. Kanggo njogo supoyo getek ora keli, diwenehi tali sing dipentang soko pinggir wetan nganti kulon. Kanti anane getek kuwi, wargo lan sepeda motor biso nyabrang kali Lusi kuwi kanti mbayar.
Lagi tahun 80-an kretek anyar wiwit dibangun, kanti bentuk cagak cor lan kerangka soko baja. Kejobo dibangun luwih kuwat, kretek mau ugo digawe luwih ombo. Bareng wis dadi, kretek mau banjur diwenehi jeneng "Jembatan Siti Aminah".

KUBURAN PEGAT NJALUK KURBAN.
Kuburan pegat kuwi, dununge ono sak wetane kretek Bandang kono. Karan kuburan pegat, mergo kuburan mau kebagi loro dening dalan gede. Wiwit mbiyen akeh sing ngandakke, yen ing kubur kuwi kerep ono goda. Dene sing tau diweruhi ngandakkke, yen goda mau wujut pocongan utowo kuntilanak. Mulo kanti kuwi akeh wargo sing ngandakke, yen ambrole kretek mergo kuburan pegat njaluk korban.
Nanging bab kuwi ora perlu dipercoyo, mergo sing bener kretek kuwi pancen yo wis tuwo lan njaluk dibangun anyar.

Nuwun.

No comments:

Post a Comment