Ads

Saturday 29 September 2018

RIWAYAT TAMAN MAKAM PAHLAWAN WIROSARI.

RIWAYAT TAMAN MAKAM PAHLAWAN WIROSARI.

source : Mbah Bedjo


Taman Makam Pahlawan Wirosari sing karan Kusuma Bangsa, dununge ono jalan Kusuma Bangsa lor kretek Bandang Wirosari. Manggon ono tikungan dalan, saenggo rodo ora ketok yen disawang soko dalan gede.
Sak bubare upacara Hari Ulang Tahun Kemerdekaan RI ing kecamatan kasebut, banjur dianakke ziarah ono Taman Makam Pahlawan Kusuma Bangsa. Ugo naliko mengeti hari Pahlawan, ugo dianakke upocoro ono makam kasebut.
Akeh wargo Wirosari dewe sing podo ora pirso critane, pahlawan sopo sing gugur ono daerah Wirosari sing akehe ono 31 makam. Ugo kapan poro pahlawan mau gugur, saenggo disarekke ono Taman Makam Pahlawan kasebut. Kanggo mangerteni critane, ayo podo nyemak bareng crito iki.

PEMBRONTAKAN PARTAI KOMUNIS.
Tahun 1947 sing durung suwe negoro Indonesia merdiko, wis ono pembrontakan Partai Komunis Indonesia sing dipimpin dening Muso lan Mr. Amir Syarifuddin. Pembrontakan diwiwiti soko kuto Madiun, sing banjur kawentar kanti jeneng affair Madiun. Nanging pembrontakan mau biso disirep dening tentara BKR, saenggo keplayu nganti tekan daerah Purwodadi. Ono ing daerah kono, kekuatan militer pembrontak soko Brigade TLRI Soejoto, Batalyon Purnawi, Batalyon Martono lan Batalyon Yusmin, isih dibantu soko lasykar Pesindo lan Laskar Rakyat. Ono ing daerah Purwodadi, PKI nganakke kegiatan sing gawe girir masyarakat, koyo ngrusak kretek lan ngobongi gedung-gedung. Dene gedung ing kuto Purwodadi sing slamet ora dirusak, yo gedung BRI lan gedung Perusahaan Listrik (wetan prapatan Purwodadi).
Gubernur Militer Kolonel Gatot Soebroto banjur prentah marang Batalyon Kosasih, Batalyon Soeryo Soempeno, Kompi Sudijono, satuan Artileri, Kompi Brimob/Polisi lan Kompi Tentara Pelajar, supoyo mbebaske Purwodadi soko panguwasane pembrontak. Amargo pembrontak ing Purwodadi kuwat banget, Gubernur Militer Kolonel Gatot Soebroto prentah supoyo kuto Purwodadi diserang nganggo montor mabur kanti nibakke bom lan mbedili soko nduwur.
Poro pembrontak kocar-kacir, ono sing mlayu ngalor lan ono sing mlayu ngetan menyang daerah Wirosari. Batalyon Kala Hitam banjur diprentahke, supoyo ngoyak poro pembrontak soko Batalyon sing dipimpin dening Purnawi ono ing Wirosari. Ono kono klakon perang rame, nganti meh telung dino lawase. Ono sing dadi kurban, soko batalyon Kala Hitam lan ugo soko pembrontak. Amargo Batalyon Kala Hitam dibutuhke kanggo ngoyak pembrontak sing podo mlayu ngalor, mulo banjur diganti Bataliyon A. Kosasih. Pancen Batalyon pembrontak sing dipimpin Purnawi kuwat banget, nganti meh wae komandan Batalyon AM Kosasih keno peluru. Nanging akhire Wirosari kasil direbut, senajan to ngurbanke poro anggota tentara BKR.     

DIMAKAMKE ONO PINGGIR KALI LUSI.
Sak jroning peperangan ing Wirosari kuwi, ono anggota tentara BKR sing gugur ing palagan. Dening poro anggota liyane, kancane sing gugur banjur dimakamke ono pinggiring kali Lusi.
Tahun 1950 pemerintah RI paring perintah, tentara sing gugur lan dikubur ono kubur umum, supoyo didadekke siji ono ing Taman Makam Pahlawan. Amargo pinggiri kali Lusi kono wis ono makame anggota tentara BKR sing gugur, mulo panggonan kasebut banjur didadekke Taman Makam Pahlawan. Yo Taman Makam Pahlawan kuwi, sing saiki banjur diwenehi jeneng Taman Makam Pahlawan KUSUMA BANGSA. 

MR. AMIR SYARIFUDIN KECEKEL ONO KLAMBU.
Bacuting crito sitik. Pembrontak soko Purwodadi sing mlayu ngalor, tetep dioyak dening tentara BKR nganti tekan alas Klambu. Rekane ngono poro pembrontak arep menyang Pati, sing minongko daerah demarkasi utowo daerah bebas perang. Nanging ono daerah Godong lan Kudus, poro pembrontak dicegat dening tentara BKR. Meh saben ndino daerak Klambu diudani peluru meriem, dening pasukan soko arteleri tentara BKR. Pasukan pengawal dadi kocar-kacir, lan banjur podo metu soko daerah Klambu saenggo biso dicekel dening tentara BKR.
Naliko tentara BKR nganakke operasi ing daerah Penawangan, ndadak nemokke wong telu gumletak ono tengah sawah. Naliko diancam yen arep dibedil, wong telu mau gumregah ngangkat tangane tondo nyerah. Wong telu mau ngaku, yen Mr. Amir Syarifudin ndelik ono guwo macan pinggir pegunungan lor Klambu. Pasukan tentara BKR soko Kudus lan Godong banjur nyerang daerah Klambu, lan kasil nangkep Mr. Amir Syarifudin ono njero guwo kasebut. Dening tentara BKR, deweke digowo menyang Solo diadepke marang Gubernur Militer Kolonel Gatot Soebroto. Dening panjenengane, Mr. Amir Syarifudin banjur diukum tembak mati tunggal sak kubur karo 10 anak buahe. Rekane ngono Presiden Sukarno ngeman, ojo nganti Mr. Amir Syarifudin diukum mati. Nanging panjenengane Gatot Subroto wis getem-getem, amargo pembrontakan PKI kasebut wis ngurbanke rakyat, poro pejabat lan Kyai, sarto pirang-pirang bangunan sing dirusak utowo diobong.

Nuwun.

No comments:

Post a Comment