RIWAYAT SENDANG WIDODARI.
source : Mbah Bedjo
Sing arep tak critakke ono ing kene, sendang widodari sing ono deso Tarub kecamatan Tawangharjo kabupaten Grobogan. Senajan kuwi ngono mung crito mitos, nanging ora ono eleke yen dicritakke supoyo anak putu mbesuk podo ngerti critane. Kejobo kuwi ugo mbenerke crito, yen sendang widodari kuwi ono ing deso Tarub, ora koq grojogan Widuri sing ono ing deso Kemadohbatur kecamatan Tawangharjo. Saiki ayo podo maos bebarengan, supoyo podo ngerti critane.
SENDANG PADUSAN WIDODARI.
Wis tau dicritakke naliko Joko Tarub mbeburu manuk perkutut, nganti anane jeneng deso Godan lan jeneng pedukuhan ing kono.
Nganti tekan sore anggone mburu manuk perkutut, lakune Joko Tarub tekan ing pinggiring sendang. Ndadak deweke krungu, anane sworo wong sing lagi podo adus. Alon deweke mlaku marani sendang mau, sak perlu pengin ngerti sopo to sing lagi adus kuwi.
Koyo opo kagete, naliko ngerti yen sing lagi podo adus kuwi poro wanito ayu-ayu. Ono sing wis nyemplung njero sendang, ono sing lagi cucul ageman, lan ono ugo sing isih mabur lan banjur mudun ono pinggir sendang. Joko Tarub ngerti, yen wanito sing podo adus kuwi poro widodari soko kayangan. Sak naliko deweke duwe pepinginan, duwe bojo salah sijining widodari mau. Mulo supoyo ora biso mabur bali menyang kayangan, kudu njupuk salah sijine slendang sing kanggo mabur kuwi.
Karo ngempet ambegan sing kemrungsung, Joko Tarub banjur nyedaki papan panggonan kanggo nyelehke agemane poro widodari. Salah siji slendang dijupuk, banjur mlaku mundur ono sak walike wit gede.
DUWE GARWO WIDODARI.
Bareng rodo suwe anggone ngenteni, keprungu swarane wong sing lagi nangis sesenggrukan. Deweke ngerti widodari cacah enem, podo mabur menduwur bali nuju kayangan. Ing cedak sendang ono salah sijining widodari, sing lagi nangis amargo ditinggal dening kancane.
Joko Tarub nyedaki widodari mau, lan banjur etok-etok takon sebabe koq nangis ono kono. Widodari mau banjur ngandakke, yen ditinggal kanca-kancane mergo ora biso mabur krono slendange ilang. Cekake crito widodari mau dijak bali menyang omahe, lan ditemokake karo Mbok Rondo Tarub yo simboke. Dening mbok Rondo Tarub, Joko Tarub banjur didaupke karo widodari sing jeneng NAWANG WULAN.
NGLANGGAR PESENE GARWO.
Anggone daup mau, Joko Tarub patutan anak siji sing aran Nawangsasi utowo Nawangsih. Gaweyane widodari Nawang Wulan mau saben dinane yo koyo wanito ing dukuh kono, koyo to masak, umbah-umbah lan gawean tani ono ing sawah utowo tegalan.
Nuju ing sawijining dino, Nawang Wulan arep metik janganan ono ing tegalan. Deweke banjur masrahke Nawangsih marang garwane supoyo diemong lan digendong ono ngomah. Kejobo kuwi ugo pesen, supoyo ojo mbukak dandang sing lagi kanggo adang kuwi.
Bareng Nawang Wulan mangkat menyang tegalan, ndadak Joko Tarub kepingin niliki, anggone adang wis mateng opo durung. Koyo opo kagete, naliko ngerti yen ing njero dandang mung ono pari sak uler. Karo mantuk-mantuk deweke lagi ngerti, keno opo Nawang Wulan ora tau nutu pari, lan ugo pari ono njero lumbung sasat ora tau kalong.
Koyo opo nesune Nawang Wulan, naliko ngerti yen pari ono njero dandang ora biso dadi sego. Yo wiwit kuwi Nawang Wulan kudu nutu pari, amargo kasektene ngubah pari dadi sego wis ilang.
BALI MENYANG KAYANGAN.
Amargo saben ndino ditutu, mulo pari ono njero lumbung mesti wae kalong. Ndadak sak wijining dino Nawangwulan nemokke slendange, ono ing sak ngisore tumpukan pari. Slendang enggal dijupuk, lan banjur dienggo ono ing bangkekane. Deweke banjur pesen marang garwane, yen arep bali menyang kayangan. Dene yen bengi Nawangsih nangis, supoyo digowo menyang tengah latar lan dituduhke rembulan. Yo ing kono kuwi Nawang Wulan bakal paring susu, marang Nawangsih sing lagi nangis. Sak bubare pesen koyo ngono kuwi, Nawang Wulan banjur mabur bali menyang ing kayangan.
SENDANG WIDODARI JAMAN BIYEN.
Sak durunge taun 80-an, sendang sing mapan ono sak kulon pesareyane Ki Ageng Tarub mau rungkut banget. Sendang mau ono sak ngisore wit jati gede, lan kebak tetukulan alas. Wujud sendang mau wis roto karo lemah, nanging anehe koq ketok teles senajan wanci ketigo dowo. Pancen yo aneh, amargo saben taun ing papan kono ono tukulan pari jenis pari joto. Wargo kono ngandakke, yen ora ono sing nandur pari mau. Mulo wargo banjur ngarani, yen pari kuwi tandurane Nawang Wulan sing ono kayangan. Bareng sendang kuwi saiki wis dibangun, lha koq pari mau koq wis ora tau tukul meneh.
Yo kanti anane crito iki, wis dipercoyo dening masyarakat deso Tarub kono, yen sendang widodari kuwi mapan ono ing deso Tarub. Dene yen ono sing nyritakke sendang widodari kuwi grojogan sewu Widuri, pancen yo rodo aneh. Amargo wiwit mbiyen wargo Kemadohbatur ora ono sing crito, yen papan kono tilas padusane widodari.
Nuwun.
No comments:
Post a Comment