Ads

Saturday 29 September 2018

ADEKE KAWEDANAN GROBOGAN.

ADEKE KAWEDANAN GROBOGAN.




source : Mbah Bedjo
Podo karo kawedanan liyane, kawedanan Grobogan kuwi mbiyen ugo sawijining pos Tundan. Wektu kuwi ing kabupaten Grobogan kabagi dadi patang kawedanan, yo kuwi kawedanan Wirosari, Kuwu, Purwodadi lan Grobogan. Wektu kuwi kawedanan Singenkidul lan Manggarmas isih melu kabupaten Demak, lagi tahun 1932 kawedanan loro kuwi gabung karo kabupaten Grobogan. Biyen pos Tundan ing deso Grobogan kuwi, manggon ono sak kidul kantor kabupaten Grobogan. Bareng pos Tundan owah dadi kawedanan, kantor kawedanan mau digedekke kanti anane pendopo lan dalem wedono.

ADEKE POS TUNDAN ING GROBOGAN.
Rikolo taun 1840, pemerintah Walondo nganakke aturan lan toto tertib kanggo padesan. Kanti anane kabijakan mau, kraton Surokarto ngetokke Serat Angger-angger Nagari utowo Serat Angger-angger Gunung. Dene isi serat mau wujud prentah, supoyo adek pos kanggo njogo keamanan wilayah. Mengkono ugo ono ing deso Grobogan kono, ugo dipilih dadi papan adeke pos sing karan pos Tundan. Dening bupati Grobogan wektu kuwi, pos Tundan didekke ono sak kidul kantor kabupaten madep ngulon. Dene panggonane  kantor kabupaten, ono ing sak kidul pasar deso Grobogan saiki.
Tahun 1847 ono kabijakan meneh, kabeh pos Tundan ing tanah Jowo didadekke kantor Kawedanan. Mengkono ugo kanti dasar serat kekancingan soko kraton Surokarto, banjur diangkat pejabat wedono kanggo mimpin wilayah ono ing kawedanan kono.
Bangunan kantor kawedanan ing Jowo Tengah kuwi podo, koyo sing ono ing deso Grobogan, sisih ngarep wujud pendopo lan sak mburine ono dalem kanggo pejabat wedono. Sak mburine dalem wedono ono bangunan, kanggo pawon, kamar mandi/WC lan gudang. Sak kidul bangunan ono omah mujur, kanggo nyimpen dokar titihane pejabat wedono. Dadi mbiyen menowo pejabat wedono mau tindak menyang deso-deso, yo nitih dokar utowo kreto sing ditarik jaran.
Rikolo tahun 1856, pusat pemerintahan kabupaten Grobogan dipindah menyang deso Purwodadi. Kanti mengkono ing deso Grobogan kono, yo mung kari ono kantor kawedanan. Tahun 1970-an tilas umpak kantor kabupaten ing deso Grobogan kuwi isih ono, nanging saiki wis roto ora ono tipete.

DADI BANGUNAN CAGAR BUDAYA.
Kantor kawedanan ing kabupaten Grobogan kuwi biyen ono enem cacahe, yo kuwi ing Grobogan, Wirosari, Kuwu, Purwodadi, Godong lan Gubug. Nanging kanti anane paprangan kantor kawedanan podo diobong, yo kari 2 sing isih slamet yo kuwi ono Gubug lan Grobogan.
Kantor kawedanan loro kuwi, saiki wis kecatet dening pemerintah dadi gedung cagar budaya. Sing ono ing Gubug, saiki digunakke kanggo kantor kecamatan. Dene sing ono ing Grobogan, saiki didadekke kantor Pemuda dan Olah raga kecamatan Grobogan.
Yo mung emane kantor kawedanan sing ono ing Grobogan kuwi, sajake koq ora kopen. Tilas omah pakunjaran, saiki wis ora wutuh meneh. Bangunan kamar mandi/WC, pawon lan tilas panggonan dokar/kreto podo rusak lan rungkut. Biso dipestekke ora suwe meneh, bangunan mburi kuwi bakal ambruk lan bakal ilang sejarahe. Mengkono ugo pinggir dalan gede ketutup anane kios-kios, saenggo yen lewat ono dalan gede bakal ora pirso ono ngendi dununge kantor kawedanan kuwi. Yen koyo ngene iki, banjur opo tegese didadekke gedung cagar budaya. Opo meneh saben tahun, deso Grobogan dadi punjere Hari Ulang Tahun kabupaten Grobogan, kanti anane tradisi "Boyong Grobog" sing diwiwiti soko deso kono.

Nuwun.

No comments:

Post a Comment