Ads

Wednesday 8 May 2019

RIWAYAT SENDANG BELUK Desa Rajek, Kec , Godong

RIWAYAT SENDANG BELUK

Sumber Artikel: Mbah Bedjo

Sendang beluk ngono ono ing deso Rajek, melu kecamatan Godong kabupaten Grobogan. Sendange ora pati ombo, ono pinggir sawah sak ngisore pring-pringan. Banyune werno coklat, mergo soko anane lendut sing mili soko sawah.
Senajan mengkono, ujaring crito sendang beluk mau duwe riwayat, ketemu antarane Mpu Supo karo Dewi Rosowulan adine Sunan Kalijaga. Dene critane mengkene:
Supo ngono putrane Mpu Supo Mandrangi, empu sing kondang ono ing kraton Majapahit. Wiwit cilik diwulang wuruk gawe gegaman dening ramane, mulo bareng dewoso ugo dadi empu  pinunjul kanti jejuluk Mpu Supo. Nalika Majapahit asor perang, Mpu Supo katut diboyong menyang Demak. Ono ing Demak  meguru agomo -slam marang Kanjeng Sunan Kalijaga, lan malah dadi murid kinasih. Ing sawijining dino, Kanjeng Sunan Kalijaga utusan marang Mpu Supo, nggawekake keris sing pantes kanggo sebo menyang kraton Demak. Amargo diutus gurune, mesti wae anggone gawe  dipredi lan diapik-apik. Saebo bungahe Kanjeng Sunan Kalijogo, bareng pirso keris pesenane mau dadi. Nanging saebo kuciwa penggalihe, naliko ndudut keris soko warangkane. Keris mau  wujud luk telulas, sing ora cocok menowo diagem sowan ono ing kraton Demak. Kanjeng Sunan paring katrangan, yen poro pejabat kraton Mojopahit akeh sing nganggo keris wujud koyo ngono kuwi. Amargo pamor keris wujute semu abang, Kanjeng Sunan banjur paring tenger Kyai Sengkelat.
Mpu Supo banjur nggagas, wujud keris sing pantes diagem gurune yen sowan ono ing kraton Demak. Sakwise Kanjeng Sunan Kalijaga paring wiji wesi meneh, enggal wae keris mau digawe. Naliko Kanjeng Sunan rawuh, keris mau wis dadi. Saebo bungahe Kanjeng Sunan Kalijaga, naliko pirso keris sing wujude ora ono sing madani. Dening Kanjeng Sunan, keris mau diparingi tenger Kyai Crubuk.
Ing sawijining dino, Kanjeng Sunan Kalijaga nimbali Mpu Supo. Kanjeng Sunan ngutus, supoyo Mpu Supo nggoleki adine sing asmo Dewi Rosowulan. Miturut peling sing ditompo, Dewi Rosowulan lagi nggoleki panjenengane. Amargo bingung ono ing tengah alas, banjur topo ngidang ono wit sak nduwure  sendang. Sak durunge mangkat, Sunan Kalijaga maringi slendang cinde, supoyo diaturake marang adine. Slendang cinde mau sak benere yo slendange Dewi Rosowulan, sing diaturake kangmase naliko arep ninggalke Kadipaten Tuban.
Mpu Supo banjur mangkat nyasak alas, ngestokke dawuh opo sing dadi kersane Kanjeng Sunan. Nganti pirang-pirang ndino anggone nggoleki, nanging durung biso nemokake panggonan tapane Dewi Rosowulan. Wanci awan naliko Mpu Supo leren ono ngisor wit, ndadak ono manuk beluk sing mabur kekiter ono nduwur sirahe. Bola-bali Mpu Supo nggusah manuk mau, nanging tetep wae bali kekiter ono ing nduwure. Bareng Mpu Supo ngadeg, manuk beluk mau mabur ngadoh, sing sajake duwe karep supoyo Mpu Supo ngetutake anggone mabur.
Mpu Supo anggone ngetutake abure manuk nganti tekan ing sawijining sendang, lan eloke dene manuk beluk mau banjur ora ketok meneh. Ono ing kono Mpu Supo banjur eling, opo sing dipesen dening gurune. Deweke banjur ingak-inguk menduwur, nggoleki panggonane Dewi Rosowulan sing lagi topo ngidang.
Tenan ... ono salah sijining pang,  ketok sawijining wanito sing lagi lungguh sedakep. Mpu Supo enggal biso mestekake, yen wanito kuwi mesti Dewi Rosowulan.  Dewi Rosowulan njugurake anggone topo, naliko mireng yen sing teko mau utusane kangmase yo Raden Sahid utowo Sunan Kalijaga. Dewi Rosowulan banjur mudun, naliko pirso slendang cinde sing digawa dening Mpu Supo.
Mpu Supo tukul roso tresno, naliko ngerti kasulistyane Dewi Rosowulan. Mengkono ugo Dewi Rosowulan, ugo tukul roso tresno naliko nyawang Mpu Supo. Kekarone banjur mlaku bebarengan, nuju menyang pondok pesantren Kadilangu.
Ono ing Kadilangu Dewi Rosowulan ngrasuk agomo Islam, lan meguru menyang kangmase dewe Sunan Kalijaga. Amargo Mpu Supo dadi murid kinasih, banjur didaupake karo Dewi Rosowulan adine. Kekarone manggon ono ing Kadilangu, nganti tekan sedane. Amargo Mpu Supo kapernah adi ipe Sunan Kalijaga, mulo makame cedak karo makame Sunan Kalijaga ono ing Kadilangu.

Nuwun

No comments:

Post a Comment