Ads

Wednesday, 8 May 2019

Sejarah Berdirinya Desa Pranten Kecamatan Gubug, Grobogan, Jawa Tengah

ADEKE DESO PRANTEN.
source : Mbah Bedjo

Deso Pranten ngono klebu deso cilik, sing dununge ono sak lor deso Gubug. Miturut data tahun 2013 ambane deso 2,04 kilo meter persegi, sing dibagi dadi telung Rw lan 9 Rt kanti jumlah penduduk 2079. Nyemak jeneng deso Pranten,  wargo deso kono nyebutake yen kuwi soko tembung piranti. Yo soko tembung piranti mau banjur dadi Piranten, sing sak banjure disebut kanti jeneng Pranten. Nanging biso ugo jeneng Pranten mau soko tembung paranten, sing tegese wong ukuman utowo wong buwangan. Saiki apike ayo podo disemak adeking deso Pranten sing critane mengkene :

PEDUKUHAN KARANGPANAS.
Miturut critane poro sepuh saiki, sing adek deso Pranten asmane Ki Sakiyan sing kaparaban asmo Mbah Songko utowo Mbah Sasongko. Panjenengane piyayi soko tlatah Klaten, sing ngumboro nganti tekan deso Jatipecaron. Ono sing crito, yen Ki Sakiyan oncat soko Klaten amargo ora sarujuk ananing kabijaksanan, sing diwetokake dening lurah Klaten wektu kuwi. Amargo rumongso koyo wong dibuwang, Ki Sakiyan banjur oncat soko desane. Anggone ngumboro karo garwane, nganti tekan deso Jatipecaron lan banjur netep ono tlatah sisih kidul. Sak banjure tlatah kono dadi rejo, dening lurah Jatipecaron banjur didadekake padukuhan. Ki Sakiyan sing dadi tetuwaning dukuh, banjur paring jeneng pedukuhan Karangpanas. Wates pedukuhan Karangpanas mau, wiwit soko tapel wates deso Jatipecaron saiki nganti tekan pinggir dalan gede mepet deso Gubug.
Ki Sakiyan sing dadi tetuwaning pedukuhan Karangpanas, dibantu dening wargane sing asmo Ki Nurodin. Ki Sakiyan manggon ono ing sisih lor, dene Ki Nurodin manggon ono ing sisih kidul. Miturut crito Ki Nurodin banget anggone njogo keamanan pedukuhan, kanti saben bengi  mubeng dukuh karo nggowo tumbak piyandele sing aran TOMBAK IJO.
Ing sawijining dino Ki Nurodin oleh palaporan, yen ing pinggir kali Tuntang ono boyo gede sing tansah kekiteran. Kanti anane boyo gede mau, wargo pedukuhan Karangpanas podo wedi yen arep menyang kali. Ki Nurodin banjur tindak menyang pinggir kali, karo nggowo tombak piyandele. Bareng ngerti Ki Nurodin ono pinggir kali karo ngasto tombak, boyo gede mau sak naliko lemes lan sajak pasrah urip. Ngerti koyo ngono Ki Nurodin tukul welase, mulo boyo gede mau ora dipateni. Nanging Ki Nurodin kagungan pamundut, supoyo boyo gede sak balane ora keno ngganggu marang wargo pedukuhan Karangpanas kono.

DADI DESO PRANTEN.
Amargo wargane soyo akeh lan jembare lemah ugo nyukupi, pedukuhan Karangpanas banjur madeg dadi deso dewe. Ki Nurodin kapiji dadi lurah sepisanan, dene Ki Nurodin kapatah dadi Modin. Amargo isih kelingan oncate soko Klaten koyo wong buwangan, mulo dening Ki Sakiyan banjur dijenengake deso Paranten, sing sak banjure jeneng kasebut owah dadi Pranten. Pancen tegese tembung paranten kuwi, yo wong ukuman utowo wong buwangan.
Sak kiwo tengen daleme Ki Nurodin ugo dadi rejo, mulo banjur ngadek dadi pedukuhan. Dening poro wargo, tlatah kono dijenengake pedukuhan Tumbak Ijo. Jeneng mau dicumbuhake karo jeneng tumbak kagungane Ki Nurodin, sing kerep diasto menowo njogo keamanan pedukuhan utowo deso. Yo soko jeneng tumbak ijo mau, sak banjure wargo kono nyebut kanti jeneng pedukuhan MBAK IJO.

MBAH SONGKO / MBAH SASONGKO.
Mbah Sakiyan sedo, lan jenazahe dimakamke ono ing deso Pranten utowo ono ing Pranten Krajan. Dene asmo mbah Songko utowo mbah Sasongko, kuwi ngono asmo parabane Ki Sakiyan sakwise sedo. Wargo nyebutke yen Ki Sakiyan kuwi wong sengkan, sing sak banjure keceluk kanti paraban Mbah Songko.
Ora suwe Ki Nurodin ugo sedo, lan jenazahe dimakamake ono pinggir kali Tuntang. Kabeh mau duwe karep, supoyo tetep njogo deso Pranten soko beboyo sing teko lewat kali Tuntang.
Sak lor makame Ki Nurodin ono kedung kali Tuntang, sing pancen duwe keanehan dewe. Mbuh kewan utowo menungso sing keli, tekan kono mesti bakal mumbul ono ing sak lumahing banyu. Iki kabukten kanti tau anane wargo Gubug sing kalap, lan kabeh biso ditemokake ono ing kedung sak lor makam Ki Nurodin kono.
Ing wanci wulan Ruwah, akeh poro wargo sing podo ziarah ono makame piyayi loro mau. Kabeh podo ngurmati darmo bektine, anggone kasil mbukak deso Pranten. Yo mung sing banget mrihatinake, cungkup makam Ki Nurodin kerep banget kebanjiran soko kali Tuntang. Akeh sangkrah siso banjir sing temangsang ono pager cungkup, lan malah tengere wae yo wis ora ono amargo kependem lumpur. 
Kanti anane kabijakan pemerintah Setenan (saiki Kecamatan) Gubug, pedukuhan Mbak Ijo digabung melu deso Gubug. Kanti anane kabijaksanan pemerintah deso Gubug saiki, pedukuhan Mbak Ijo didadekke siji karo pedukuhan Pilanglor. Senajan to wis ora dadi pedukuhan meneh, nanging wargo isih nyebut tlatah kono kanti jeneng MBAK IJO. 

ONO MAKAM TURUN SULTAN NGAYOGYOKARTO KAPING II.
Ing ngarep cungkup makam Ki Sakiyan ono makam telu, yo kuwi makame RM. Admodihardjo sing sedo tanggal 10 Desember 1911, Rr. Sunarti sing sedo tanggal 9 Oktober 1909, lan RA. Koestinah sing sedo tanggal 9 Nopember 1909. Ugo ditulis yen sing sedo kuwi, isih keturunan Sri Sultan II Jogya. Saben makam ono tulisan DB 310 004, sing ditulis ono tembogo lan tumempel ono makam. Ndeleng tulisan mau, sajake koq koyo catetan sing ngandakake yen isih trah kraton Ngayogyokarto Hadiningrat. Soko silsilah sejarah sing ono, Sri Sultan Ngayogyokarto II kuwi Raden Mas Sundoro sing ngganti ramane yo Hamengkubuwono I, sing sak banjure kaparingan gelar Sultan Hamengkubuwono II. Dadi katelune mau turun soko Hamengkubuwono II, senajan to mung turun soko ibu selir wae. Kanti anane makam kuwi, biso njelaske katelune podo nyusul Ki Sakiyan lan banjur netep ono deso kono. Yen ngono biso disimpulake, menowo Ki Sakiyan kuwi yo ono trah soko kraton Ngayogyokarto. Lha banjur sopo Ki Sakiyan utowo sing disebut Mbah Songko kuwi ? Lha iki sing mesti kudu dilacak. Nanging yen nyemak crito iki, sajake asmo Sakiyan kuwi koq  asmo singlon, supoyo ora dimangerteni sopo to sejatine. Sing penting saiki, kabeh biso mangerteni piye riwayat adeking deso Pranten.

NUWUN.

No comments:

Post a Comment