Ads

Monday 4 June 2018

Sejarah Berdirinya Desa Ginggangtani Gubug

ADEKING DESO GINGGANGTANI.

Deso Ginggangtani utowo sing kaceluk deso Genggang, dununge ono ing sisih wetane kuto Kecamatan Gubug, adohe watoro 10 kilometeran. Miturut critane poro sepuh ing deso kono, sing adek dukuh Genggang biyen asmo Ki Brongsot. Dene makame Ki Brongsot ono ing deso Klitikan, melu Kecamatan Kedungjati Kabupaten Grobogan. Mesti akeh sing podo kepingin ngerti, keno opo Ki Brongsot sing adek dukuh Genggang, nanging makame koq ono ing deso Klitikan. Kanggo mangerteni bab iki, ayo podo bebarengan disemak critane.

RIWAYAT KI BRONGSOT.
Wargo deso Ginggangtani dewe podo ora pirso, soko ngendi asal-usule Ki Brongsot kuwi. Yo mung nyebutake, yen Ki Brongsot kuwi soko dukuh Klitikan Kedungjati. Dene wargo deso Klitikan nyritakake, yen Ki Brongsot kuwi sing adek dukuh Klitikan.
Dadi critane, ing sawijining dino Ki Brongsot babat alas, ono sak pinggiring kali Tuntang. Amargo papane wujut pegunungan, mulo sing biso ditandur mung telo lan jagung. Senajan mengkono, asile polowijo mau biso nyukupi kebutuhan pangan sak keluwargane.
Suwe-suwe akeh wargo sing melu dunung ono papan kono, saenggo dadi sakwijining pedukuhan. Amargo Ki Brongsot sing sepisanan babat alas, dening wargo banjur kapilih dadi tetuwaning dukuh. Nuju ing sak wijining dino, Ki Brongsot mireng ono sworo klitak-klitik ing sak pinggiring kali Tuntang. Digoleki lan ditunggoni, nanging sworo mau ora dimangerteni soko ngendi asale. Mulo dening Ki Brongsot, pedukuhan kono banjur diparingi jeneng KLITIKAN. Kanti dipimpin dening Ki Brongsot, wargo ing pedukuhan Klitikan kono biso urip kanti tentrem lan ayem.

GOLEK PAPAN KANGGO SAWAH.
Ing sakwijining dino Ki Brongsot kagungan pepinginan, ngundakke pangane wargo dukuh Klitikan. Panjenengane kagungan gagasan, arep bukak alas sing sak perlu arep didadekake sawah. Ki Brongsot ngejak keluwargane numpak prau, nurut ilining kali Tuntang. Soyo adoh soko dukuh Klitikan, nanging durung biso nemokake panggonan koyo sing dikersakke. Nganti tekan ing sakwijining panggonan, panjenengane dawuh supoyo minggirake prau. Sakwise mirsani papan kono Ki Brongsot rodo kalegan, amargo  rumongso cocok yen alas kono didadekke sawah. Panjenengane banjur dawuh, supoyo enggal babat alas ono papan kono.
Nganti pirang-pirang minggu anggone podo babat alas, nganti biso dadi sawah sing ombo. Bareng ditanduri pari, asile biso nyukupi kebutuhan pangan keluwargane. Wargo liyane banjur podo melu dunung ono kono, lan melu nbukak alas didadekke sawah. Panggonan kasebut banjur dadi dukuh, dening Ki Brongsot banjur dijenengake GENGGANG.

JENENG GENGGANG.
Naliko Ki Brongsot babat alas dadi pedukuhan lan sawah, ing sisih kidul lan sisih lor dukuh kono wis ono dukuh, sing karan dukuh Glapan lan dukuh Jeketro. Dukuh anyar kasebut koyo kecepit, ono ing antarane dukuh loro mau. Mulo dening Ki Brongsot banjur dijenengake Genggang, sing tegese dukuh cilik sing manggon ono ing antarane dukuh gede. Pancen tembung genggang kuwi, tegese panggonan sing kecepit.

BALI MENYANG DUKUH KLITIKAN.
Nganti pirang-pirang taun lawase, Ki Brongsot manggon ono ing dukuh Genggang. Ing sak wijining wektu ono aturan soko pemerintah Walondo, yen pedukuhan sing gede didadekake deso. Miturut sejarah sing ono, kedadeyan mau rikolo taun 1850. Mengkono ugo dukuh Genggang, ugo banjur owah dadi deso. Nanging Ki Brongsot sing wis rumongso sepuh, ora gelem didadekake lurah. Malah panjenengane milih salah sijining wargo, supoyo dadi lurah ono ing Genggang. Dening poro wargo deso mau dijenengake GINGGANGTANI, sing tegese deso cilik sing kecepit deso gede, lan wargane podo urip dadi tani.
Ing sakwijining dino, Ki Brongsot tilik ono dukuh Klitikan sing ugo wis dadi deso. Pancen wis tinakdir, Ki Brongsot sedo ono ing deso Klitikan. Dening wargo deso Klitikan, panjenengane disarekake ono deso kasebut, lan sak banjure makam kasebut didadekake punden deso. Kabeh wargo isih podo eling, yen Ki Brongsot kuwi biyen sing adek dukuh Klitikan.
Mengkono ugo wargo deso Ginggangtani, sak durunge riyoyo akeh sing podo ziarah ono makame Ki Brongsot ing deso Klitikan Kedungjati. Kabeh ugo podo isih eling, yen sing adek dukuh Genggang utowo Ginggangtani kuwi biyen yo Ki Brongsot.

Nuwun.